Kecelakaan

GRUBYAK!!!” suarane motor iku nubruk pitku.

“ADUH!!!!” Aku kelaran amargo ditubruk motor kuwi mau. Jan apes tenan aku dino iki. Wis ditinggal Ibu menyang Yogyakarta, saiki malah di tubruk motor.

” Kowe rapopo nduk?” Pitakone bapak-bapak sing nabrak aku. Banjur kuwi Kebak uwong ngrumpul meh nulungi aku.

” Nggeh sakit pak , nanging namung sekedik” wangsulanku.

” Ayo tak terke mulih, omahmu ngendi nduk? Sapa asmane Bapak Ibumu?” Bapak-bapak e kui takok neh ning aku. Nanging rung sempet aku wangsuli, wis diwangsuli marang Pak Badrun ,tanggaku.

” Niki asmane Intan Pak omahe wonten Dusun Pati, asmanipun bapake Pak Jumadi.” Wangsulane Pak Badrun.

Aku meneng cepklakep, aku wedi marang bapakku amergo aku koyo mangkene. Bapak-bapak kuwi mau banjur takok piro nomor hp-ne bapakku. Batinku ra bakal mungkin hp-ne Bapak iso dihubungi amargo zaman modern koyo ngene kuwi bapakku ra gelem tuku HP layar sentuh Andoit,eh udu andoit,opo yo jenenge? Ah embuh! Pokokke sing A-N-D-R-O-I-D lah iyo ANDROID!!!. Hp-ne bapakku kuwi ijik HP Nokia jadul sing pencetan kae karo dikareti kuning saking wes suwe dinggo.

Sakwise aku ngandani nomere bapakku. bapak-bapak sing nabrak aku mau banjur ngehubungin nomere bapakku, tapi nomornya bapakku ora bisa dihubungi. Tapi sabanjure kuwi bapak-bapak sing nabrak aku mau nomor telepon soko wong, sakwise kuwi, bapak mau langsung ngunggahake aku ning mobile Pak Barjo lan langsung tumuju menyang rumah sakit.

Tekan rumah sakit,aku langsung diobati marang dokter. Raketang siji loro, ono tatu sing dijahit. Bola-bali aku bengok-bengok amargo kelaran. Nanging, pas aku diobati aku ora ngerti bapak-bapak mau. Neng jobo ki mung ana sampun Pak Barjo.

Sore kuwi aku dieterke Pak barjo mulih saka rumah sakit. Tekan ngomah bapakku langsung bengok-bengok sabantere nganti tekan protelon sing rodo adoh saka ngomah.

” Nduk-nduk sapa mau sing nabrak koe he? Kurang ajar!! Sapa jenenge?, ngendi omahe?, tak paranane gen ngerti kono ki nabrak anake sopo!!!” Bapakku bengok-bengok. Pak Amin, Pak Hasan, karo Mas Amir ngademke suasanane bengi kuwi.

” Sampun mas,ampun duka mawon ,buktine sing nabrak nggih pun tanggung jawab. Niki Mbak Intan Inggih mboten nopo-nopo sabar mas ,sabar” tembunge Pak Amin.

” Rangopo-ngopo kepriye he? Anakku ngasih dijahit pit e ngasih bobrok kok koyo ngenek ,kepiye nek ngono opo aku ora kena nesu?” Bapak saya nesu.

Aku banjur ngomong marang bapakku,”Pak, lha kala wau sing nabrak kula ajeng ganti rugi, nanging nomer HP-ne bapak mboten saged dihubungi,saksampunipun, bapak-bapak wau ngendika badhe tindak mriki badhe ngijoli ganti rugine”.

“O… arep rene? yo wis tak tunggunane sesok awas wae!!” banjur bapak mlebu ngomah lan tonggo-tonggo wis podo bubar amarga wis surup.

Sesukke……….

” Assalamualaikum” suara saka njaba omah.

Aku mbuka lawang karo membalas salam matamu kuwi mau.

” Waalaikumsalam”, jebule tamune kui ora liyo Iya iku bapak-bapak sih nabrak aku ndek wingi sore.

” Nduk Pak Jumadine wonten?” Pitakone bapak-bapak kui.

” Nggeh wonten, sekedap kula panggilke rumiyin” wangsulan ku sinambi mlebu omah.

Aku banjur nemoni bapak ning kebon mburi omah,” Pak, jenengan dipadosi bapak bapak sing kala wingi nabrak kula”. Bapak banjur njlegegah lan langsung nyelehake arit lan wijik.

Banjur,aku buntuti bapak tumuju ruang tamu. Tanpa anak sopan santun karo tamu, bapak langsung ini bapak bapak sing nabrak aku ndek wingi.

“O… dadi koe sing nabrak anakku? Kurang Ajar!!!” Bapak nggetak bapak-bapak sing nabrak aku.

” Sabar pak, mangketen, nami kula Dibyo ,kula badhe ngijoli ganti rugi amarga kula nabrak putrinipun panjenengan. Niki pak kalih yuta”. Pak Dibyo ngekekake amplop marang bapakku.

” rumangsamu nyowo po kenek diijoli nganggo duit?” Bapaknya nyaut amplop kuwi mau.

” Nggih pak kulo ngertos rasane anake cilaka, water ngoten kulo purun tanggung jawab, anak kulo niku korban tabrak lari, sakniki anakku mlebet ICU, pelaku ne niku ngebut cepet ngantos mboten ngertos platte, sing dipuntemukake among niki” Pak Dibyo nduduhake HP nokia jadul sing ijik pencetan dikareti kuning.

” iku hpne bapak…” batinku.

Bapak mung ngelek idu lan plenggang plenggong ngerti nek bapak salah…

 

By : Keisya Divka Sahira